Wednesday, May 16, 2012

Bangsal Kamagangan, Diagem Pakeliran Wayang Kulit Bedhol Songsong

Bangsal Kamagangan utawa Joglo trimurti lenggahe ana satengahe plataran Kamagangan. Jaman biyen diagem papan pasowanan, parakan sarta papan kanggo nyathetake utawa daftarake para warga kang kepengin lumebu magang dadi abdi dalem kraton. Dene wektu saiki Bangsal Kamagangan diagem kagem pakeliran wayang kulit Bedhol Songsong kang diadani ing sasi Sawal sakbadane upacara adat Garebeg Sawal. Bangsal Kamagangan, jaman saiki uga kanggo nyumektakake tata rakit gelar para abdi dalem mligine para abdi dalem reh kaprajan, sarta reh punokawan kang padha arep, tampa wisuda munggah pangkat – kalenggahan utawa tampi kekancingan dadi abdi dalem, ing sasi Sawal utawa sasi Bakda Mulud saben taune.

Bangsal Pangrakit Pareden: Bangsal sepasang kang lenggahe ana iring pojok Kidul Wetan lan pojok Kidul Kulon plataran Kamagangan diagem nyumektakake, ngracik, ngrantam, ngrantun pareden (gunungan) hajad Dalem ing upacara adat garebeg, kang diadani ing sasi Mulud (garebeg Mulud), sasi Sawal (garebeg Sawal) lan sasi Besar (garebeg Besar).

Regol Kamagangan: Regol Kamagangan, regol Kadhaton kang ana iring sisih kidul. Madhep mangidul, ngadhepake plataran lan bangsal Kamagangan. Regol Kamagangan diagem pintu sowan-marak lan ngaso mundure para abdi dalem kakung sarta para abdi dalem putri. Miturut pranatan, sapa wae kang liwat Regol Kamagangan kudu ngagem busana pranakan tumrap abdi dalem kakung lan nyampingan ubet-ubet, gelung tekuk tumrap abdi dalem putri. Regol Kamagangan uga diagem miyos jenasah yen ing Karaton ana sedan. Regol Kamagangan uga diagem liwat bergada prajurit yen pinuju diadani upacara adat garebeg.

Candra Sengkala Hadeging Karaton: Ana ing Regol Kamagangan tinemu candra sengkala memet kang wujude ula sepasang. Candra sengkala iki mengku teges taun Jawa Hadeging Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Yakuwi taun Jawa 1682.

Ing sandhuwure tembok watu rana kang ana saklore Regol Kemagangan, rinakit wewujudan wewangunan candra sengkala memet kang digambarake ula loro lanang wadon ungkur-ungkuran madhep mangetan lan mangulon. Pethite ngruntel dadi siji. Candra sengkala iki yen diwaos surasane “Dwi Naga Rasa Tunggal” utawa taun Jawa 1682. Dene candra sengkala kang awujud ula loro jejer madhep ngidul lan wernane abang tuwa, yen diwaos surasane “Dwi Naga Rasa Wani” utawa taun 1682 Jawa uga. Taun Jawa 1682, yakuwi taun Hadeging Karaton Kasultanan Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat, yakuwi rikala dina Kemis Pahing tanggal kaping 13 Suro-Jimakir 1682 utawa surya kaping 7 Oktober 1756.

Wewujudan ula naga wadon kang madhep mangulon mengku werdi sasmita utawa tandha dalan tumrape para abdi dalem putri yen arep padha sowan-marak. Sawise liwat Regol Kamagangan, banjur menggok mangulon (mangiwo) tumuju keputren. Dene ula naga lanang kang madhep mangetan mengku werdi tumrap para abdi dalem kakung sing padha arep sowan lan caos bekti dalane menggok mangetan (manengen) terus tumuju kasatriyan sarta tepas kawedanan punokawan liyane. Kanggo pirsa bedane ula lanang lan ula wadon, bisa mrisani sisik dhadhane ula mau.

Bangsal Pacaosan: Bangsal Pacaosan kang ana sakulon lan sawetane Regol Kamagangan diagem papan pacaosan abdi dalem K.H.P. Puroreksa kang ngayahi caos jaga regol. Sarta ngunekake lonceng jam kang ana sakulone Bangsal Pacaosan. Jaman biyen Bangsal Pacaosan kang papane ana iring wetan diagem papan pacaosan para prajurit karataon. Miturut pangandikane swargi KRT. Madukusumo, jaman biyen sakwetane Bangsal Pacaosan iki diagem kanggo papane para abdi dalem prajurit nabuh tambur lan nyebul terompet pinangka tandha aba-aba wektu panutupe lan pambukake Regol Kamagangan lan regol-regol karaton liyane, sarta regol-regol plengkung beteng baluwerti karaton. Lagu utawa gendhing sing ditabuh kanthi tambur lan terompet, kang dianggo tandha aba-aba bukak regol plengkung wetara tabuh 5 wayah esuk kinaranan Gendhing Clunthang. Dene gendhing kang ditabuh kanggo tengara aba-aba wektune nutup regol plengkung ing wayah bengi tabuh 8 kinaranan Gendhing Sumedhang. Regol Kamagangan ditutup tabuh 6 sore.

Pawon Karaton “Sekulanggen”: Saka plataran Bangsal Kamagangan ana lurung mangetan tumuju Pawon Karaton “Sekulanggen”. Yakuwi pawon karaton kang mangsak sego langgi.

Pawon Karaton “Gebulen”: Dene dalan kang saka plataran Bangsal Kamagangan mangulon tumuju Pawon Karaton kang kinaran Gebulen. Yakuwi pawon karaton kang mangsak Sega Kebuli (Gebuli). Pawon Sekulanggen lan Gebulen, tekan saprene isih diagem. Diagem mangsak kagem upacara adat. Sepasang pawon iki, alelambaran tata batin mengku sanggit dene wiwit bayi lair tekan dadi tatarane bocah dewasa magang perlu disumektakake samubarang ubarampe lan pangan sarta pirantine wong urip.

Dene tata lair, pawon mau diagem mangsak kanggo keperluan karaton, kayata yen ngasta sugengan dhahare para abdi dalem kang lagi ngayahi pagaweyan karaton.

Sumber : Kedaulatan Rakyat, Kamis 20 Oktober 2005