Tuesday, July 9, 2013

Wit Gayam ing Alun-alun Kidul Mengku Sasmita Ayom-ayem

Sak wetan lan kulon tratag rambat Alun-alun Kidul ditanemi wit Gayam, cacah 8. Wit Gayam godhonge rada amba, ora gampang rontog. Tembung Gayam, mengku sasmita ayom, ayem. Dadi wit gayam mengku werdi sanggit sasmita, uripe para jejaka lan perawan kang wus padha akil balik tansah pinayungan rasa ayom, ayem, tentrem, sarta arum sedhep kahanane. Kaya rasane yen padha ngaso, ngeyup ana ing tratag rambat sacedhake wit gayam mau, rasa kahanane ayom, eyup, ayem, tentrem, tur gandane arum.

Kahanan iki uga nggambarake kahanane para jejaka lan perawan kang lagi andon katresnan, ing samubarang gawe tansah dirasa ing sajrone suwasana kang ayom, ayem, tentrem, becik, apik lan tansah resik.

Jaman biyen wit pakel kang ditanem ana Alun-Alun Kidul cacahe ana 50 wit. Wit kweni ana 4 wit. Dene wite gayam ana 8 wit, 4 wit gayam ana iring sakulone tratag lan 4 wit gayam ana iring sawetane tratag.

Ana ing Alun-alun Kidul tinemu dalam 5 arahe. Saka sisih wetan ana 2 (loro) cacahe, yakuwi: Dalan Langenastran Lor, Dalan Langenastran Kidul. Saka sisih kulon ana 2 (loro) cacahe, yakuwi: Dalan Ngadisuryan, Dalan Patehan. Saka kidul ana 1 (siji), yakuwi dalan gadhing. Dalan gadhing terusane dalan kang arahe saka Panggung Krapyak.

Dalan 5 (lima) cacahe iki mengku sasmita dene wong urip kuwi kagungan panca driya. Yakuwi pamirsa (netra), pamireng (karno), panggondo (grana), pangraos (lathi) lan pangrasa (kulit). Panca driya kang uga mujudake babahan hawa sanga iki bisa mujudake urip kang mulya utawa urip kang nistha tumrape titah ing ngarcapada..

Kajaba dalan 5 (lima) cacahe, ing Alun-Alun Kidul sisih lor, yakuwi sakiwa tengene utawa sawetane kulone Siti Hinggil Kidul tinemu dalan kang mujur ngalor tumuju Bangsal Kemandhungan Kidul kang kinaranan Dalan Pamengkang. Dalan Pamengkang kang ngubengi Siti Hinggil Kidul, ketemu dadi siji ana ing Regol Kemandhungan Kidul. Dalan Pamengkang yen dipirsani saka mata manuk, gatrane kayu pupu lan sikil kiwa tengen kang mekangkang.

Antarane ringin kurung “Supit Urang” Alun-Alun Kidul uga bisa diagem dalan, mligine diagem dalan kagem miyose janazah yen ana sedan. Jaman biyen yen ana sedan, miyose saka Kadhaton – Regol Kemagangan – mangidul miyos Regol Gadhung Mlathi – Regol Kemandhungan Kidul – miyos plataran Siti Hinggil Kidul tekan Tratag Siti Hinggil Alun-Alun Kidul – terus mangidul lenceng miyos dalan antarane Ringin Kurung “Supit Urang” Alun-Alun Kidul – terus mangidul miyos Plengkung Nirbaya – menggok mangetan sajabane Beteng Karaton terus tumuju Pasareyan Imogiri. Saka Alun-Alun Kidul wiwit nitih kereta kencana.

Dene rikala surude Sri Sultan Hamengku Buwana IX , saka Kamagangan nitih kereta mangulon miyos dalan Sompilan, mangidul terus mangetan miyos dalan Ngadisuryan, terus miyos Alun-Alun Kidul. Tekan saklore Ringin Kurung Supit Urang menggok mangidul miyos antarane Ringin Kurung terus mangidul – Plengkung Nirbaya – menggok mangetan - Pasareyan Imogiri.

Jalaran dalan antarane Ringin Kurung Supit Urang tekan Plengkung Gadhing (Nirbaya) diagem miyos jenazah, mligine jenazah Ingkang Sinuwun mula tekan seprene Sri Sultan utawa Ingkang Sinuwun Ngarsa Dalem kang isih jumeneng Nata, sasuwune jumeneng Nata yen tindak ora bakal miyos dalan mau, sarta ora bakal miyos Plengkung Nirbaya. Sultan yen ngandika “Sabda Pandhita Ratu”, kang mengku werdi tansah tumindak maju ora mundur. Ora memburi (pengkeran). Ora molak-malik. Gandheng Plengkung Nirbaya sarta Alun-Alun Kidul kuwi lenggahe ana pengkeran, mula Ngarsa Dalem ora miyos kang papan lenggahe ana pengkeran (mburi).

Miturut bausastra Jawa tembung Kunjara tegese kandhang gajah. Iring sisih kulon Alun-Alun Kidul wiwit jaman biyen tekan jaman saiki diagem kanggo kandhang (kunjara) gajah. Gajah kajaba ke-agungan tumrap karaton , uga diagem salah sijine ubarampe piranti sarana upacara adat.

Jaman biyen yen arep diagem upacara Garebeg, gajah mau dipaesi, dibusanani. Dituntun digiring menyang Alun-Alun Lor. Banjur dicencang ana wantilan kang papane ana Bakung, Sangarepe Pagelaran Alun-Alun Lor. Upacara garebeg saben taun diadani kaping 3, yakuwi Garebeg Mulud, Garebeg Sawal, lan Garebeg Besar.

Alun-Alun Kidul jaman biyen, kanthi lumaku adat diagem kagem papan gladi prajurit karaton, kang dipandegani dening sawijining komandhan. Para komandhan prajurit, lenggahe ana kampung Kumendhaman sakidul kulone Plengkung Gadhing. Sri Sultan yen miyos mriksani latihan prajurit lenggah ana Sela Gilang kang ana ing Tratag Alun-Alun kidul.

Dene jaman saiki kahanane wis owah. Tratag lan Sela Gilang kang ana iring lor Alun-Alun Kidul ing sangarepe Siti Hinggil wis dibongkar. Wis ora ana. Saiki ana dalane mubeng kang diaspal. Alun-Alun Kidul jaman saiki bisa dianggo: papan upacara gendera mligine upacara dina proklamasi kemerdekaan Negara Kesatuan Republik Indonesia saben tanggal 17 Agustus, papan kanggo olahraga, kayata bal-balan, senam, kasti, senam kesegaran, papan kanggo tandhingan perkutut, manuk deruk, manuk sinom, bekisar, papan kanggo upacara agama, kayata sholat Idul Fitri, sholat Idu Adha, papan balapan kuda, bendhi, papan balapan sepatu rodha, panggung kesenian, lan sapunggalane.

Malah saiki uga kanggo “Masangin”. Masangin, Mas = Masuk, a= antar, ngin= ringin. Masangin = Masuk antara dua pohon beringin. Dene carane lumaku saka lor mangidul lumebu longkang antarane wit ringin kurung loro (2) mau kanthi didhipet mripate nganggo kain. Yen kanthi mripate didhipet (ditutupi kanthi ditaleni nganggo kain), anggone lumaku bisa liwat lumebu antarane ringin kurung mau, jarene arep nemoni nasib kang becik. Dene yen ora bisa tegese sial.

Sumber : Kedaulatan Rakyat, Kamis 28 Juli 2005

No comments:

Post a Comment