Crita bab pusaka Dalem Kraton ana kang asmane nganggo jeneng kang kapatrapan saka gegaman kang sadurunge durung kaparingan jeneng lan kalungguhan.
Crita kang siji: Nalika Sri Sultan Hamengku Buwono I isih jumeneng Pangeran Mangkubumi nganakake perang tandhing karo pasukan Walanda ing kawasan Purworejo, Pangeran Mangkubumi dicaosi gaman wujud tombak lan gamelan dening Demang Purworejo. Perang tandhing antarane Pangeran Mangkubumi karo Komandan Wlanda ditindakake ing Kali Bogowonto. Kelepyane tandhing, Komandan Pasukan Walanda kang aran Mayoor De Clerq ketaman tombake Pangeran Mangkubumi, uwal saka kendhaline kapal (jaran), ngemasi sanalika ketaman tombake Pangeran Mangkubumi. Tombak saka pisungsunge Demang Purworejo kang sekawit durung ana jenenge, nuli diwisudha lan kaparingan jeneng Kanjeng Kyai Klerek, dadi salah sijine pusaka Ngayogyakarta. Gamelan saprangkat uga asaka pisungsunge Demang Purworejo, laras karo kemenengane Pangeran Mangkubumi banjur diparingi jeneng Kyai Surak.
Siji maneh, minangka conto: Pusaka Kraton kang wujud wedhung. Sawenehing golongan brandhal kang dipandhegani brandhal dhug-dheng aran Mangun Oneng. Mbokmenawa budidaya mbrasta brandhal gedhe iki tumindak makaping-kaping nanging durung bisa oleh gawe. Mongsok Negara nganti kalah karo brandhal. Mula ora gantalan benggolane brandhal karan Mangun Oneng wusana uga bisa kapikut. Putusane negara kanthi migunakake wedhung abdi dalem Mertolulutan neja mungkasi gawe. Nganggo paringan dalem wedhung, sirahe Mangun Oneng bisa kapagas, ngglundhung ing bantala. Saka kantyasane wedhung kang sadurunge kayadene gaman lumrah, nuli kawisudha dadi salah sijine pusaka Kraton, kaparingan jeneng Kanjeng Kyai Mangun Oneng.
Sumber: Majalah Djaka Lodang
No comments:
Post a Comment