Sunday, April 29, 2012

Plataran Kamagangan Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat

Plataran Kamagangan lenggahe ana sakidule plataran Kadhaton. Utawa ana saklore plataran Kemandhungan Kidul. Telatah Bangsal Kamagangan, yen diprisani sarta diraosake kanthi alelambaran kosmologi, phisikologi, filosofi, sarta simbolisasi wewarah budaya Kejawen, mengku sanggit gambarane tataraning bocah kang wus manjing lan mijil, bakal dadi bocah dewasa.

Bocah dewasa kang wus sumekta, magang dadi utawa calon dadi wong kang mersudi piranti sangune lair-batin wong urip ing alam donya lan ing akherat. Saka Magangan mangalor lumebu karaton. Karaton ing kene mengku werdi papane wong urip sinau, nimba sarta mersudi sangune wong urip ing donya lan ing akherat.

Saka kidul mangalor, saka Bangsal Kemandhungan Kidul mangalor tumuju Kamagangan liwat Regol Gadhung Mlathi. Regol Gadhung Mlathi, gambaran wiwarane jabang bayi lair saka guwa garba utawa kandhungane (Bangsal Kemandhungan) wong tuwa. Dalan saka regol Gadhung Mlathi tekan plataran Kamagangan wujude ciut ora amba, cilik. Dalan ciut iki sanggite gegambarane dalane laire jabang bayi kang isih cilik, luwes, resik durung dadi manungsa dewasa.

Saklore Regol Gadhung Mlathi tinemu tembok watu rana, kang ndhuwure dipasang candra sengkala memet kang wujude ula loro ungkur-ungkuran nanging pethite nggubet manunggal dadi siji. Candra sengkala iki yen diwaos uga ngemu surasa Dwi Naga Rasa Tunggal utawa kang tegese angka taun Jawa 1682. Yakuwi taun Hadeging Karaton Mataram Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, kaya candra sengkala kang dirakit ing Regol Kamagangan. Yakuwi Dwi Naga Rasa Tunggal sarta Dwi Naga Rasa Wani. Dene werna cete ula rupane gahung mlathi.

Jaman biyen, saklore Regol Gadhung Mlathi uga tinemu wot utawa kreteg gantung. Kreteg gantung iki ana sakdhuwure kalenkang iline banyu saka Segaran (iring wetan) mangulon tekan Tamansari. Sakburine tembok watu rana, tinaneman wit Jambu Dersana. Wit Jambu Dersana werdine kaderesan sih tresna ing sasama. Mligine katresnane wong tuwa marang jabang bayi kang lair.

Jaman kunane plataran Kamagangan ditanemi wit pelem (gelem, mantep, niyat lan kasaguhan magang dadi), wit kepel (kempel, manunggal, niyate magang wis kempel, wis mempeng temenan) lan wit pacar (wis dadi siji, ora mencar-mencar, cocok). Wit-witan pelem, kepel, pacar mengku sanggit sasmita yen wis padha sowan ana Bangsal Magangan, niyate, gregete, nyawiji, sengguh lan ora mingkuh.

Rikala sing jumeneng nata Sri Sultan HB IX, sawetara wit-witan mau sing wis tuwo diganti nganggo wit trembolo lan wit pacar. Kayu wit trembolo lan wit pacar diagem ubarampe sesaji. Wit ringin kang ana sakidule Regol Kamagangan, wiwit Sri Sultan HB VIII jumeneng Nata.

Sumber : Kedaulatan Rakyat, Kamis 13 Oktober 2005

No comments:

Post a Comment