Friday, September 13, 2013

Lambang Kraton Praja Cihna, Pindhane Peksi Garudha Megar Swiwine

Bangsal Trajumas Sri Manganti: Ana ing Bangsal Trajumas, sumare kagungan dalem tandhu . Ing papan kayu jati tinatah lan sinungging sarta prada mas lambang karaton kang rinakit saka : Irah-irahan wujud crown, Tulisan aksara latin H-B, Angka Romawi VII (Pitu), Sarta angka taun Masehi 1877.

Sri Sultan HB VII katelah Sinuwun Behi. Miyos-dalem: Senen Legi, 20 Dulkangidah – Je 1766 utawa 4 Pebruari 1839. Jumeneng-dalem: Senen Legi, 3 Ruwah – Je 1806 utawa 13 Agustus 1877. Lereh-dalem: Setu Kliwon, 18 Jumadilawal – Alip 1851 utawa 29 Januari 1921. Surud-dalem: Malem Jemuah Kliwon, 29 Rabingulakir – Ehe 1851 utawa 30 Desember 1921.

Bangsal Manis: Ana ing Bangsal Manis iring sisih lor ndhuwur madhep mangidul, rinengga lambang karaton, saka kayu jati, diukir, disungging sarta diprada mas. Wujude uga isih arupa: Irah-irahan wujud crown, Tulisan nganggo akasara latin H-B, Angka Romawi VIII (Wolu), Ing bagian ngisor katulis angka taun Jawa 1853 sarta angka taun Masehi 1923. Angka taun Jawa 1853 utawa taun Masehi 1923 mertandhani dene jumeneng-dalem nata Sri Sultan HB VIII lagi sawetara 2 taun suwene.

Bangsal Kencana: Ana ing papan kaca Bangsal Kencana, tratag iring sisih kulon, sawetane tratag Bangsal Prabayeksa, rinengga lambang karaton sepasang, wujude: Irah-irahan wujud crown, Tulisan aksara latin H-B, Angka Romawi VIII (Wolu), Sarta gambar pari sauli lan gambar kembang kapuk kapas sagagang. Dene pasangane sing siji wujude wis ora arupa gambar crown, nanging wis owah ganti gambar songkok.

Gambar lambang karaton iki ganepe dumadi saka: Irah-irahan wujud songkok, yakuwi ageman-dalem para ratu ing tanah Jawa utawa agemane para manggalayuda, Sumping mangkara, kanthi ron sarta grompol (ceplik), Tulisan aksara Jawa, aksara murda Ha-Ba, Angka Jawa, angka 8 (wolu), Lar swiwi kiwa tengen, wulune cacah 7 (pitu), Buntal wujud kembang padma rinonce.

Lambang karaton iki kang dadi purwakane lambang Ha-Ba kang sabanjure kinaranan Praja Cihna. Yen ora salah lambang Praja Cihna iki rinepta ing taun Jawa 1855 utawa taun Masehi 1925, bebarengan karo hadege Pamulangan Dhalang “Habirandha” Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat rikala tanggal 27 Juli 1825.

Wiwit taun Jawa 1855 utawa taun Masehi 1925, Sri Sultan HB VIII wis ora ngagem simbul HaBa, karaton kang dumadi saka crown, aksara latin HB, angka Romawi lan sapiturute.

Sumber : Kedaulatan Rakyat, Kamis 8 Desember 2005

Tuesday, July 9, 2013

Wit Gayam ing Alun-alun Kidul Mengku Sasmita Ayom-ayem

Sak wetan lan kulon tratag rambat Alun-alun Kidul ditanemi wit Gayam, cacah 8. Wit Gayam godhonge rada amba, ora gampang rontog. Tembung Gayam, mengku sasmita ayom, ayem. Dadi wit gayam mengku werdi sanggit sasmita, uripe para jejaka lan perawan kang wus padha akil balik tansah pinayungan rasa ayom, ayem, tentrem, sarta arum sedhep kahanane. Kaya rasane yen padha ngaso, ngeyup ana ing tratag rambat sacedhake wit gayam mau, rasa kahanane ayom, eyup, ayem, tentrem, tur gandane arum.

Kahanan iki uga nggambarake kahanane para jejaka lan perawan kang lagi andon katresnan, ing samubarang gawe tansah dirasa ing sajrone suwasana kang ayom, ayem, tentrem, becik, apik lan tansah resik.

Jaman biyen wit pakel kang ditanem ana Alun-Alun Kidul cacahe ana 50 wit. Wit kweni ana 4 wit. Dene wite gayam ana 8 wit, 4 wit gayam ana iring sakulone tratag lan 4 wit gayam ana iring sawetane tratag.

Ana ing Alun-alun Kidul tinemu dalam 5 arahe. Saka sisih wetan ana 2 (loro) cacahe, yakuwi: Dalan Langenastran Lor, Dalan Langenastran Kidul. Saka sisih kulon ana 2 (loro) cacahe, yakuwi: Dalan Ngadisuryan, Dalan Patehan. Saka kidul ana 1 (siji), yakuwi dalan gadhing. Dalan gadhing terusane dalan kang arahe saka Panggung Krapyak.

Dalan 5 (lima) cacahe iki mengku sasmita dene wong urip kuwi kagungan panca driya. Yakuwi pamirsa (netra), pamireng (karno), panggondo (grana), pangraos (lathi) lan pangrasa (kulit). Panca driya kang uga mujudake babahan hawa sanga iki bisa mujudake urip kang mulya utawa urip kang nistha tumrape titah ing ngarcapada..

Kajaba dalan 5 (lima) cacahe, ing Alun-Alun Kidul sisih lor, yakuwi sakiwa tengene utawa sawetane kulone Siti Hinggil Kidul tinemu dalan kang mujur ngalor tumuju Bangsal Kemandhungan Kidul kang kinaranan Dalan Pamengkang. Dalan Pamengkang kang ngubengi Siti Hinggil Kidul, ketemu dadi siji ana ing Regol Kemandhungan Kidul. Dalan Pamengkang yen dipirsani saka mata manuk, gatrane kayu pupu lan sikil kiwa tengen kang mekangkang.

Antarane ringin kurung “Supit Urang” Alun-Alun Kidul uga bisa diagem dalan, mligine diagem dalan kagem miyose janazah yen ana sedan. Jaman biyen yen ana sedan, miyose saka Kadhaton – Regol Kemagangan – mangidul miyos Regol Gadhung Mlathi – Regol Kemandhungan Kidul – miyos plataran Siti Hinggil Kidul tekan Tratag Siti Hinggil Alun-Alun Kidul – terus mangidul lenceng miyos dalan antarane Ringin Kurung “Supit Urang” Alun-Alun Kidul – terus mangidul miyos Plengkung Nirbaya – menggok mangetan sajabane Beteng Karaton terus tumuju Pasareyan Imogiri. Saka Alun-Alun Kidul wiwit nitih kereta kencana.

Dene rikala surude Sri Sultan Hamengku Buwana IX , saka Kamagangan nitih kereta mangulon miyos dalan Sompilan, mangidul terus mangetan miyos dalan Ngadisuryan, terus miyos Alun-Alun Kidul. Tekan saklore Ringin Kurung Supit Urang menggok mangidul miyos antarane Ringin Kurung terus mangidul – Plengkung Nirbaya – menggok mangetan - Pasareyan Imogiri.

Jalaran dalan antarane Ringin Kurung Supit Urang tekan Plengkung Gadhing (Nirbaya) diagem miyos jenazah, mligine jenazah Ingkang Sinuwun mula tekan seprene Sri Sultan utawa Ingkang Sinuwun Ngarsa Dalem kang isih jumeneng Nata, sasuwune jumeneng Nata yen tindak ora bakal miyos dalan mau, sarta ora bakal miyos Plengkung Nirbaya. Sultan yen ngandika “Sabda Pandhita Ratu”, kang mengku werdi tansah tumindak maju ora mundur. Ora memburi (pengkeran). Ora molak-malik. Gandheng Plengkung Nirbaya sarta Alun-Alun Kidul kuwi lenggahe ana pengkeran, mula Ngarsa Dalem ora miyos kang papan lenggahe ana pengkeran (mburi).

Miturut bausastra Jawa tembung Kunjara tegese kandhang gajah. Iring sisih kulon Alun-Alun Kidul wiwit jaman biyen tekan jaman saiki diagem kanggo kandhang (kunjara) gajah. Gajah kajaba ke-agungan tumrap karaton , uga diagem salah sijine ubarampe piranti sarana upacara adat.

Jaman biyen yen arep diagem upacara Garebeg, gajah mau dipaesi, dibusanani. Dituntun digiring menyang Alun-Alun Lor. Banjur dicencang ana wantilan kang papane ana Bakung, Sangarepe Pagelaran Alun-Alun Lor. Upacara garebeg saben taun diadani kaping 3, yakuwi Garebeg Mulud, Garebeg Sawal, lan Garebeg Besar.

Alun-Alun Kidul jaman biyen, kanthi lumaku adat diagem kagem papan gladi prajurit karaton, kang dipandegani dening sawijining komandhan. Para komandhan prajurit, lenggahe ana kampung Kumendhaman sakidul kulone Plengkung Gadhing. Sri Sultan yen miyos mriksani latihan prajurit lenggah ana Sela Gilang kang ana ing Tratag Alun-Alun kidul.

Dene jaman saiki kahanane wis owah. Tratag lan Sela Gilang kang ana iring lor Alun-Alun Kidul ing sangarepe Siti Hinggil wis dibongkar. Wis ora ana. Saiki ana dalane mubeng kang diaspal. Alun-Alun Kidul jaman saiki bisa dianggo: papan upacara gendera mligine upacara dina proklamasi kemerdekaan Negara Kesatuan Republik Indonesia saben tanggal 17 Agustus, papan kanggo olahraga, kayata bal-balan, senam, kasti, senam kesegaran, papan kanggo tandhingan perkutut, manuk deruk, manuk sinom, bekisar, papan kanggo upacara agama, kayata sholat Idul Fitri, sholat Idu Adha, papan balapan kuda, bendhi, papan balapan sepatu rodha, panggung kesenian, lan sapunggalane.

Malah saiki uga kanggo “Masangin”. Masangin, Mas = Masuk, a= antar, ngin= ringin. Masangin = Masuk antara dua pohon beringin. Dene carane lumaku saka lor mangidul lumebu longkang antarane wit ringin kurung loro (2) mau kanthi didhipet mripate nganggo kain. Yen kanthi mripate didhipet (ditutupi kanthi ditaleni nganggo kain), anggone lumaku bisa liwat lumebu antarane ringin kurung mau, jarene arep nemoni nasib kang becik. Dene yen ora bisa tegese sial.

Sumber : Kedaulatan Rakyat, Kamis 28 Juli 2005

Wednesday, May 16, 2012

Bangsal Kamagangan, Diagem Pakeliran Wayang Kulit Bedhol Songsong

Bangsal Kamagangan utawa Joglo trimurti lenggahe ana satengahe plataran Kamagangan. Jaman biyen diagem papan pasowanan, parakan sarta papan kanggo nyathetake utawa daftarake para warga kang kepengin lumebu magang dadi abdi dalem kraton. Dene wektu saiki Bangsal Kamagangan diagem kagem pakeliran wayang kulit Bedhol Songsong kang diadani ing sasi Sawal sakbadane upacara adat Garebeg Sawal. Bangsal Kamagangan, jaman saiki uga kanggo nyumektakake tata rakit gelar para abdi dalem mligine para abdi dalem reh kaprajan, sarta reh punokawan kang padha arep, tampa wisuda munggah pangkat – kalenggahan utawa tampi kekancingan dadi abdi dalem, ing sasi Sawal utawa sasi Bakda Mulud saben taune.

Bangsal Pangrakit Pareden: Bangsal sepasang kang lenggahe ana iring pojok Kidul Wetan lan pojok Kidul Kulon plataran Kamagangan diagem nyumektakake, ngracik, ngrantam, ngrantun pareden (gunungan) hajad Dalem ing upacara adat garebeg, kang diadani ing sasi Mulud (garebeg Mulud), sasi Sawal (garebeg Sawal) lan sasi Besar (garebeg Besar).

Regol Kamagangan: Regol Kamagangan, regol Kadhaton kang ana iring sisih kidul. Madhep mangidul, ngadhepake plataran lan bangsal Kamagangan. Regol Kamagangan diagem pintu sowan-marak lan ngaso mundure para abdi dalem kakung sarta para abdi dalem putri. Miturut pranatan, sapa wae kang liwat Regol Kamagangan kudu ngagem busana pranakan tumrap abdi dalem kakung lan nyampingan ubet-ubet, gelung tekuk tumrap abdi dalem putri. Regol Kamagangan uga diagem miyos jenasah yen ing Karaton ana sedan. Regol Kamagangan uga diagem liwat bergada prajurit yen pinuju diadani upacara adat garebeg.

Candra Sengkala Hadeging Karaton: Ana ing Regol Kamagangan tinemu candra sengkala memet kang wujude ula sepasang. Candra sengkala iki mengku teges taun Jawa Hadeging Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Yakuwi taun Jawa 1682.

Ing sandhuwure tembok watu rana kang ana saklore Regol Kemagangan, rinakit wewujudan wewangunan candra sengkala memet kang digambarake ula loro lanang wadon ungkur-ungkuran madhep mangetan lan mangulon. Pethite ngruntel dadi siji. Candra sengkala iki yen diwaos surasane “Dwi Naga Rasa Tunggal” utawa taun Jawa 1682. Dene candra sengkala kang awujud ula loro jejer madhep ngidul lan wernane abang tuwa, yen diwaos surasane “Dwi Naga Rasa Wani” utawa taun 1682 Jawa uga. Taun Jawa 1682, yakuwi taun Hadeging Karaton Kasultanan Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat, yakuwi rikala dina Kemis Pahing tanggal kaping 13 Suro-Jimakir 1682 utawa surya kaping 7 Oktober 1756.

Wewujudan ula naga wadon kang madhep mangulon mengku werdi sasmita utawa tandha dalan tumrape para abdi dalem putri yen arep padha sowan-marak. Sawise liwat Regol Kamagangan, banjur menggok mangulon (mangiwo) tumuju keputren. Dene ula naga lanang kang madhep mangetan mengku werdi tumrap para abdi dalem kakung sing padha arep sowan lan caos bekti dalane menggok mangetan (manengen) terus tumuju kasatriyan sarta tepas kawedanan punokawan liyane. Kanggo pirsa bedane ula lanang lan ula wadon, bisa mrisani sisik dhadhane ula mau.

Bangsal Pacaosan: Bangsal Pacaosan kang ana sakulon lan sawetane Regol Kamagangan diagem papan pacaosan abdi dalem K.H.P. Puroreksa kang ngayahi caos jaga regol. Sarta ngunekake lonceng jam kang ana sakulone Bangsal Pacaosan. Jaman biyen Bangsal Pacaosan kang papane ana iring wetan diagem papan pacaosan para prajurit karataon. Miturut pangandikane swargi KRT. Madukusumo, jaman biyen sakwetane Bangsal Pacaosan iki diagem kanggo papane para abdi dalem prajurit nabuh tambur lan nyebul terompet pinangka tandha aba-aba wektu panutupe lan pambukake Regol Kamagangan lan regol-regol karaton liyane, sarta regol-regol plengkung beteng baluwerti karaton. Lagu utawa gendhing sing ditabuh kanthi tambur lan terompet, kang dianggo tandha aba-aba bukak regol plengkung wetara tabuh 5 wayah esuk kinaranan Gendhing Clunthang. Dene gendhing kang ditabuh kanggo tengara aba-aba wektune nutup regol plengkung ing wayah bengi tabuh 8 kinaranan Gendhing Sumedhang. Regol Kamagangan ditutup tabuh 6 sore.

Pawon Karaton “Sekulanggen”: Saka plataran Bangsal Kamagangan ana lurung mangetan tumuju Pawon Karaton “Sekulanggen”. Yakuwi pawon karaton kang mangsak sego langgi.

Pawon Karaton “Gebulen”: Dene dalan kang saka plataran Bangsal Kamagangan mangulon tumuju Pawon Karaton kang kinaran Gebulen. Yakuwi pawon karaton kang mangsak Sega Kebuli (Gebuli). Pawon Sekulanggen lan Gebulen, tekan saprene isih diagem. Diagem mangsak kagem upacara adat. Sepasang pawon iki, alelambaran tata batin mengku sanggit dene wiwit bayi lair tekan dadi tatarane bocah dewasa magang perlu disumektakake samubarang ubarampe lan pangan sarta pirantine wong urip.

Dene tata lair, pawon mau diagem mangsak kanggo keperluan karaton, kayata yen ngasta sugengan dhahare para abdi dalem kang lagi ngayahi pagaweyan karaton.

Sumber : Kedaulatan Rakyat, Kamis 20 Oktober 2005

Sunday, April 29, 2012

Plataran Kamagangan Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat

Plataran Kamagangan lenggahe ana sakidule plataran Kadhaton. Utawa ana saklore plataran Kemandhungan Kidul. Telatah Bangsal Kamagangan, yen diprisani sarta diraosake kanthi alelambaran kosmologi, phisikologi, filosofi, sarta simbolisasi wewarah budaya Kejawen, mengku sanggit gambarane tataraning bocah kang wus manjing lan mijil, bakal dadi bocah dewasa.

Bocah dewasa kang wus sumekta, magang dadi utawa calon dadi wong kang mersudi piranti sangune lair-batin wong urip ing alam donya lan ing akherat. Saka Magangan mangalor lumebu karaton. Karaton ing kene mengku werdi papane wong urip sinau, nimba sarta mersudi sangune wong urip ing donya lan ing akherat.

Saka kidul mangalor, saka Bangsal Kemandhungan Kidul mangalor tumuju Kamagangan liwat Regol Gadhung Mlathi. Regol Gadhung Mlathi, gambaran wiwarane jabang bayi lair saka guwa garba utawa kandhungane (Bangsal Kemandhungan) wong tuwa. Dalan saka regol Gadhung Mlathi tekan plataran Kamagangan wujude ciut ora amba, cilik. Dalan ciut iki sanggite gegambarane dalane laire jabang bayi kang isih cilik, luwes, resik durung dadi manungsa dewasa.

Saklore Regol Gadhung Mlathi tinemu tembok watu rana, kang ndhuwure dipasang candra sengkala memet kang wujude ula loro ungkur-ungkuran nanging pethite nggubet manunggal dadi siji. Candra sengkala iki yen diwaos uga ngemu surasa Dwi Naga Rasa Tunggal utawa kang tegese angka taun Jawa 1682. Yakuwi taun Hadeging Karaton Mataram Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, kaya candra sengkala kang dirakit ing Regol Kamagangan. Yakuwi Dwi Naga Rasa Tunggal sarta Dwi Naga Rasa Wani. Dene werna cete ula rupane gahung mlathi.

Jaman biyen, saklore Regol Gadhung Mlathi uga tinemu wot utawa kreteg gantung. Kreteg gantung iki ana sakdhuwure kalenkang iline banyu saka Segaran (iring wetan) mangulon tekan Tamansari. Sakburine tembok watu rana, tinaneman wit Jambu Dersana. Wit Jambu Dersana werdine kaderesan sih tresna ing sasama. Mligine katresnane wong tuwa marang jabang bayi kang lair.

Jaman kunane plataran Kamagangan ditanemi wit pelem (gelem, mantep, niyat lan kasaguhan magang dadi), wit kepel (kempel, manunggal, niyate magang wis kempel, wis mempeng temenan) lan wit pacar (wis dadi siji, ora mencar-mencar, cocok). Wit-witan pelem, kepel, pacar mengku sanggit sasmita yen wis padha sowan ana Bangsal Magangan, niyate, gregete, nyawiji, sengguh lan ora mingkuh.

Rikala sing jumeneng nata Sri Sultan HB IX, sawetara wit-witan mau sing wis tuwo diganti nganggo wit trembolo lan wit pacar. Kayu wit trembolo lan wit pacar diagem ubarampe sesaji. Wit ringin kang ana sakidule Regol Kamagangan, wiwit Sri Sultan HB VIII jumeneng Nata.

Sumber : Kedaulatan Rakyat, Kamis 13 Oktober 2005

Thursday, September 22, 2011

Alun-alun Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat (3)

Wigatine kalungguhan Alun-alun kidul (Pengkeran) jamane wingi uga sok kanggo nindakake paukuman pidana pati marang sapa kang nedya nglawan lan ngemban kesalahan marang Kerajaan. Paukuman pati uga sok ditindakake ing Mancasan (saka tembung Pancas). Wartane sawise nindaki ukuman pancas, jasade banjur dipetak ing sacedhake kono, Mancasan. Abdi dalem kang nindakake paukuman iki kalebu Abdi Dalem golongan Mertolulutan lan papan pancaosane (piket) ana ing bangsal sangarepe Bangsal Witono Siti Hinggil Lor.

Jalur tengah-tengah Alun-alun Kidul iku uga mujudake jalur utama tumrap jasade Sri Sultan samangsa arep disarekake menyang pasareyan Imogiri. Lakune saka Kemagangan mengidul tekan Tratag Pegalran kidul terus metu tengah-e Rigin kurung tekan Plengkung Gadhing lagi nekuk ngetan nuju Imogiri.

Sri Sultan dhewe samangsa isih ngasta ora bakal tindak menyang njaban Beteng miyos plengkung Gadhing, tekan seprene. Semonoa layon-layon warga Njeron Betengan, yen tilar donya jasade ora bakal diliwatake plengkung Gadhing, senajan kramatane mung ana ing Makam Krapyak, Pugeran utawa Tawangsari Dukuh.

Kahanan Alun-alun Kidul khususe wektu saiki wis akeh bedane karo jaman-jaman wingi sadurunge taun-taun patang puluhan, luwih-luwih salebare wayah surup, wis arang-arang sing wani ngambah kono. Saka kulon alun-alun yen arep menyang wetan alun-alun, Langenastran upamane, trima ngalang sethithik ning slamet. Beda karo saiki, ora awan ora bengi. Yen awan meh kemput mubeng Alun-alun akeh bakul tiban, endi sing warung angkringan, klithikan barang-barang bekas utawa wong-wong tuwa nyambi momong bocah ndelok gajah, bal-balan lan liyane meneh. Yen bengi dodolan angkringan, warung lesehan, kalamangsa wayangan sewengi lan tontonan liyane.

Seje meneh barang langka lan ora ngendi-endi ana, sing disebut “Mas Angin”, saka tembung wutuhe “Masuk Antar Beringin”. Ora ana dina lowong. Saben bengi, ora enom ora tuwo, ora lanang ora wadon, kepara wong-wong manca (turis-turis asing) ana sing ketarik melu-melu nyoba “Mas Angin”.

Sajrone suwasana peteng (bengi) mripate diblebet kain ireng, saka jarak 30 meteran saka ringin kurung nyoba mlaku mengidul nrobos longkangan antarane ringin kurung kekarone sing ambane mung wetara rolas meteran. Sing arep nyoba wis diprenahake bakal bisa metu tengah-tengahe longkangan, alon-alon mlaku ngidul. Ngarepake tekan ngarep longkangan kang kudu dirobos, malah nggiwar-nggiwar, ana sing banjur ngetan, ana sing ngulon, malah ana sing setengah balik ngalor.

Ana turis manca, ditakoni kok nyasar. Jawabane kayane ngarepe mau ana blumbang, mula mlipir-mlipir. Lan ana sing krasa yen awake krasa anget-anget, sajake ana barang kobong mula njur salin dalan. Wangsalane sing jare ora bisa nembus pancen werna-werna. Ana sawenehing lomba Mas Angin , tau klakon jare sing menang malah bocah cilik enem taunan. Sing padha weruh komentare werna-werna. Ana jare sing ngomentari bocah durung duwe dosa, mesthi bisa nrobos.

Sumber: Majalah Djaka Lodang

Tuesday, September 20, 2011

Alun-alun Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat (2)

Seje karo Alun-alun Lor, seje maneh karo Alun-alun Kidul (Pengkeran). Kawiwitan saka Benteng Krapyak dilambangake mujudake asale Roh kang ing kono katon anane kampung Mijen, dijupuk saka tembung Wiji. Kala semana kang aran prajurit Miji, mapane uga ana ing kampung Mijen.

Wiwit saka kene kabeh wis ditata kanthi wujude perlambang-perlambang. Perlambang kang nyedhaki karo jarwadhosoke tetembungan karo kang dadi ancas-karepe. Kayadene taneman wit tanjung lan asem, sedalan-dalan nggambarake anane bocah-bocah kang isih lempeng lurus, jarwo dhosoke isih dianggep “nengsemake” mula perlu tansah disanjung. Tumekane masa remaja, rupa lan tingkah lakune tansah katon nengsemake. Metune sinom tumrape bocah wadon ‘rambut sing thukul ing perangane bathuk nduwur’, muwuhi endah paras-praupane. Jarwa dhosoke, Sinom saka jeneng godhong asem kang lembut-lembut warnane ijo-ijo, endah yen sinawang.

Tumekane Alun-alun Kidul ana kiwa tengene Gapura Alun-alun, dipergoki anane wit ringin kembar kiwa tengen, sebutane ringin Wok. Saka tembung wutuhe “Brewok”. Apa sing dikarepake tembung iki, sumangga padha ditapsirake dhewe. Kang mesthine ora adoh saka maknane Kiasan kang kasebut mburi.

Kaya Alun-alun Lor, ing satengahe Alun-alun Kidul (Pengkeran) uga ana wite ringin kembar loro. Kiasane mujudake bageyane anggota bagan (raga) kang dianggep winadi, kudu dijaga kang rapet (dirahasiakan). Mula loro-lorone disengker kanthi pager bata kang kuwat murih ora gampang jugrug, pager bata loro-lorone disebut Supit Urang.

Dalan gedhe lima kabeh-kabehe ketemu lan manunggal ing Alun-alun Kidul, dikiasake Panca Indra. Dene Lapangan Alun-alun Kidul, kang wiwit biyen mula mujudake lemah pasir, ora digebal suket, dilambangake minangka kahanan kang durung tumata. Isih gampang obah-owah, kesampar mrana-mrene. Anane wit Kweni lan Pakel kang jamane wingi ditandur ngubengi alun-alun, jarwa dhosoke dadi wiwit “wani”, jalaran wis ngancik diwasa “akil balik” (pakel).

Wit Gayam kang ditandur ing kiwa tengen Bangsal Siti Hinggil kidul kanggo nggambarake rasa ayom-ayeme para remaja kang lagi nandhang asmara (gayam-ayom-ayem).

Sadurunge lenggah ing Kedhaton saiki, Sri Sultan HB I biyen mesanggrah ing Ambar Ketawang, wetara limang kilo meteran ngulon saka Ngayogja. Pindhahe Sri Sultan HB I mengetan tekan Beteng Krapyak nekuk ngalor mlebu Plengkung Gading, alun-alun kidul tekan Kraton.

Pranyata jalur dalan iki – Krapyak- Plengkung Gading- Alun-alun Kidul-, sabanjure uga dadi jalur tindake Kanjeng Ratu Kidul samangsa mertamu marang Sri Sultan ing Kedhaton. Semonoa yen kundur uga liwat jalur alun-alun kidul – Gading- Krapyak.

Tumrape abdi dalem prajurit, ya sing arep nindaki ayahan caos/piket menyang Kraton lan Ambarrukma uga liwat plengkung Gading metu satengahe Alun-alun kidul, semonoa uga baline saka nindaki ayahan metu dalan kang sekawit tumekane Kumendaman. Jaman wingi kang mengkene iki temindak meh saben telung jaman sepisan.

Sumber: Majalah Djaka Lodang

Monday, September 19, 2011

Alun-alun Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat (1)

Seje karo kutha/kabupaten, luwih-luwih kang disebut kutha/kabupaten lawas, akeh-akehe padha duwe alun-alun. Mung bedane karo kutha/kabupaten liyane, Ngayogjakarta lan Surakarta padha duwe alun-alun nganti loro. Alun-alun kidul (pengkeran) karo Alun-alun Lor. Siji-sijine cak sekawit wis ditata lan duweni kalungguhan kang ora padha.

Gambarane: tumrap Alun-alun Lor Ngayogjakarta kena diibaratake Sri Sultan kerep bisa sapatemon karo kawulane. Wujude patemonan ing antarane lantaran Pengetan-pengetan Garebeg kang setaune nganti ambal kaping telu: Garebeg Mulud, Garebeg Syawal, Garebeg Besar, perayaan Sekatenan kang karo pasar malemane sok nganti sesasinan.

Jaman wingi para kawula lan Sri Sultan uga bisa bebarengan nyumurupi anane Latihan Watangan lan rampogan prajurit karo macan. Mung wektu iki acara kasebut wis ora dianakake maneh. Upacara Taun Dal, tegese saben sewindu sepisan, Kraton nganakake upacara nyembeleh Kebo Bule mapan ing tengah-tengahe ringin kurung Alun-alun Lor. Acara nyembeleh kebo bule duwe makna kang mambu-mambu pulitik. Kebo Bule diibaratake bangsa kulit putih kang atusan taun njajah bangsa Nusantara. Kebo bule kang disembelih nganti sawulu-wulune dianggo rebutan masarakat petani, kanggo tumbal pesawahane.

Papan tengah-tengahe Alun-alun Lor adhakane uga sok kanggo “pepe” tumrape kawula Ngayogjakarta. Ora narimakake marang keputusan Pengadilan banjur laku “pepe”, nyuwun pengadilan marang Sri Sultan. Cara tembungane saiki “naik banding” marang tataran Pengadilan kang luwih dhuwur. Carane: lungguh sila madhep kidul (Siti Hinggil) kanthi kemul lawon putih. Samangsa entuk timbalan banjur dikeparengake sowan mlebu.

Tamu-tamu kang arep mertamu marang Sri Sultan, lumebune kraton uga ngliwati Alun-alun Lor.

Tratag Pagelaran ing sangarepe Siti Hinggil jaman wingine kagem inspeksine Sri Sultan samangsa ana gladhen resik ngarepake acara garebeg tetelune. Kaya padatan seminggu sadurunge acara resmi Garebeg dianakake gladen reged pitung dina lan gladhen resik sepisan.

Inspeksi prajuritan Sri Sultan HB IX lan VIII nalika isih kiyat nitih kuda dhewe. Nanging bareng wis ketingal ora keduga nitih kuda, inspeksine nitih kereta Kanjeng Kyai Jethayu. Kereta tanpa kusir lan blak-blakan ora nganggo payon. Kusir kereta numpak jaran kang narik kereta Kanjeng Kyai Jethayu. Tratag Pagelaran kidul uga dhasare isih pasir lan payone nam-naman bambu. Mung cagake kang pengkuh kayadene cagak Pagelaran Lor.

Sumber: Majalah Djaka Lodang